Robot Jepang

Posted by Nursaptia Purwa Asmara on Tuesday, October 16, 2012 with No comments
Seminggu neng Jepang Pakdhe karo Budhe akhire nemu restoran masakan Indonesia. Pelayane Robot. Robot teko nyedaki Pakdhe, terus ngomong : 
"What is your nationality?", robot takon.
"Indonesia" jare Pakdhe.
"Selamat datang", jare robot nganggo bahasa Indonesia.
"Apa bahasa suku Anda?", robot takon meneh.
"Jawa", jare Pakdhe.
"Sugeng siang. Badhe pesen nopo?", jare robot nganggo boso jowo.
"Canggih yo bu?", Pakdhe ngomong karo Budhe.
Budhe : "Ono lotek?", Budhe takon karo robot.
Robot : "Ono".
Budhe : "Pesen rong porsi".
Robot : "Porsi gedhe opo cilik?".
Budhe : "Porsi gedhe".
Robot : "Lomboke piro?".
Budhe : "Sing siji loro, sing siji sepuluh".
Robot : "Nganggo kangkung?".

Budhe : "Yo".
Robot : "Nganggo timun?".
Budhe : "Yo".
Robot : "Nganggo kol?".
Budhe : "Yo".
Robot : "Nganggo kol jowo opo kol asli Jepang?".
Pakdhe : "Sing endi wae lah manut!". (Pakdhe wiwit rodo nesu)
Robot : "Kacange diulek opo diblender?".
Pakdhe : "Kuarepmu!".
Robot : "Kacange setengah mateng opo mateng?".
Pakdhe : "Goreng sing gariiiiiiiiiiiing..!!".
Robot : "Nganggo bawang goreng rak?".
Pakdhe : "Nganggo...!! Asu....!!!!". (Pakdhe misuh banter banget)
Robot : "Dipiring opo dipincuk?".
Pakdhe : "Dipiring!".
Robot : "Lengone nganggo margarin opo minyak klopo?".
Pakdhe : "Jelantah... Wedhos!!!".
Robot meneng, lampune byar pet kelap kelip kayane lagi diproses. Kiro-kiro telung menitan, teros robot ngomong meneh :
Robot : "Maturnuwun. Pesenan tak tompo. Mung rak iso di Suguhke..."
Pakdhe : "Nopo? Aku wes ngenteni suwe banget, tanya-jawab karo kowe, kok rak iso nopo ndes?". (Pakdhe emosi).
Robot : "Soale durung ono asune karo wedhuse...".
Pakdhe : "Diancuuuuuuk...!!!!! Iso edan aku...!!!!! Ayo bu lungo, rak usah nguntal neng kene..!!!". 
Pakdhe nggondhok.....bin emosi.

(FbPhi)
Categories: